Kabudayan
Metatah
![]() |
Pulo Bali |
Bali
menika salah satunggaling pusat pariwisata ing Indonesia.
Kabudayan ingkang taksih dipunjagi lan dipunlestantunaken menika
dados salah satunggaling daya tarik wisatawan ingkang badhe plesiran
wonten Bali. Bali menika gadhah maneka warni kabudayan ingkang taksih
dipunjagi supados kawontenanipun boten ewah utawi ical amargi
kamajengan jaman.
Salah
satunggaling kabudayan ing Bali inggih menika kabudayan metatah utawi
mesangih/mepetik. Metatah inggih menika satunggaling upacara kanthi
ngikir waja kanthi pangasah. Upacara menika saperangan saking upacara
Manusa-Yadnya ingkang dipunlampahi dening masyarakat Hindu. Upacara
menika gadhah teges yan wonten ing pagesangan umat Hindu. Tegeseipun
inggih menika:
- nggantos perilaku supaya dados manungsa sejati ingkang saged nahan nepsu saking pangaruh Sad Ripu ( 6 mungsuh wonten ing awakipun piyambak).
- Wujud kewajiban tiyang sepuh marang putranipun supados pinanggih hakekat manungsa ingkang sejatosipun
- Supados saged pinanggih malih antawisipun putra lan tiyang sepuh ipun sak sampunipun tilar donya
saking andharan ing inggil, saged dipunpendhet dudutan menawi upacara
metatah menika salah satunggaling upacara ingkang wigati wonten ing
pagesangan umat Hindu amargi gadhah makna kagem ngicalaken rereged
ing awak saengga saged nemu hakekat manungsa ingkang sejatos lan
saged uwal saking pangaruh Sad Ripu ( 6 mungsuh wonten ing awakipun
piyambak).
Upacara
menika sifatipun sakral, saengga menawi boten dipunlampahi dening
masyarakat Bali, wonten kapitadosan bakal angsal paukuman saking
batara Yamadipati wonten ing neraka (kawah candragomuka) inggih
menika nyakat poking pring petung. Upacara menika wujuding tanggung
jawab tiyang sepuh marang putranipun supados dados manungsa sejatos
ingkang dipunsebat “Dharmaning Darma-Rena Ring Putra. Pramila
tiyang sepuh ing umat Hindu menika gadhah usaha samangsa gesangipun
nglampahi kewajiban kagem putranipun kanthi upacara matatah. Kagem
pangabekten marang tiyang sepuh, putra kedah maringi piwales kanthi
upacara Pitra Yadnya utawi ngaben menawi tiyang sepuhipun tilar
donya, ingkang trep kalihan “Dharmaning Putra Ring Rama Rena”.
Upacara
metatah menika wonten tatacara ingkang kedah dipunlampahi, inggih
menika:
- Magumi Padangan, ugi dipunsebat mesakapan kepawon ingkang dipunlampahi wonten ing pawon. Maknanipun inggih menika tiyang ingkang sampun siap bebrayan, tugasipun ingkang kapisan inggih menika ngrembag babagan mburi (pawon).
- Nekeb, ingkang dipunlampahi ing meten utawi wonten gedong. Maknanipun lampahan prosesi brata inggih menika janji kagem nahan hawa nepsu ingkang ala inggih menika Sad Ripu.
- Mabyakala, ingkang dipunlampahi wonten ing ngajeng griya utawa ngajeng meten utawa gedong. Maknanipun ngresiki awakipun piyambak saking sipat bhutakala ( sipat ingkang ala).
- Ke merajan, utawi tempat suci wonten ing griya. Urut-urutanipun inggih menika : nyuwun kanugrahan marang Bhatara Hyang Guru, sungkem marang Rama lan Ibu, Ngayab caru pitik putih, nyuwun tirta (banyu suci) marang Bhatara Hyang Guru, Ngerajah waja lan Dipunkikir siungipun ngantos kaping tiga.
- Pinuju papan kangge metatah, urut-urutanipun inggih menika: Sembahyang marang Bhatara Surya lan marang Bhatara Semara kaliyan Bhatarai Ratih, nyuwun tirtha kepada Bhatara Samara lan Bhatari Ratih. Ngayab banten pengawak wonten ing bale dangin, Metatah atau ngasah siung lan sekawan waja
- Wangsul wonten ing meten utawa gedong
- Mejaya-jaya ing merajan inggih menika tumut upacara kang dipimpin dening pandhita kanti nyawuri toya..
- Mapinton wonten ing pura kahyangan tiga, ing Pura Kawitan lan pura sanesipun ingkang dados pamujanipun.
Mekaten
tata upacara metatah ingkang dipunlampahi masyarakat Bali. Kita
minangka tiyang enem panerus generasi saklajengipun kedah njagi lan
nguri-uri kabudayan supados tetep lestantun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar