Kula
wiwit sekolah saking TK Tridaya Canden. wonten ing TK menika kula
dipunwulang maneka warna bab babagan ngilmu, kesenian lan
sapanunggalanipun. Kula banjur nglajengaken wonten SD Muhammadiyah
Pulokadang. wonten ing SD menika kula tumut kepengurusn maneka warna
adicara ing SD kadosta Idul adha, ambal warsa sekolah lan
sapanunggalanipun. ing SD menika kula ugi tumut ekstrakurikuler drum
band saha biasanipun tumut pentas ing njaba sekolah.
Salajengipun
kula nerusaken SMP 1 Jetis. SMP menika dumunung ing desa Paten,
Sumberagung Jetis Bantul Yogyakarta. Nanging amargi gempa jogja 2006,
sekolah menika pindah lan dados 1 kompleks Kaliyan SMA 1 Jetis lan SD
1 jetis ing desa Ponggok, Trimulya, Jetis Bantul Yogyakarta. wonten
ing SMP menika kula tumut ekstrakurikuler pramuka.
Salajenipun
kula nerusaken ing SMA 1 Kasihan ngayogyakarta. srkolah menika
dumunung ing Jl bugisan Kasihan bantul Yogyakarta. wonten ing SMA
menika kula tumut ekstrakurikuler pramuka lan TIK. salajengipun kula
serusaken kuliah ing Universitas Negeri Yogyakarta. kula mendhet
jurusan basa Dhaerah fakultas bahasa lan seni. samenika kula sampun
semester 5 wonten ing kelas B angkatan 2011

Tidak ada komentar:
Posting Komentar