Kagiyatan
Sosial Yayasan HOPE Worldwide Indonesia
Dinten
setu (28/9) yayasan HOPE worldwide Indonesia ngawontenaken adicara
baksos (bakti sosial) ing dhusun Turen, Canden, Jetis, Bantul
Ngayogyakarta kanthi irah-irahan “Bantul Seger”. Wonten ing papan
menika ugi dipunwontenaken kagiyatan sanesipun inggih menika
pengobatan massal, kagiyatan anak, wisuda training CTC, peresmian
program ibu lan anak, ugi bimbingan belajar. Kagiyatan ingkang
dipunwiwiti wanci jam 08.00 enjing menika dipunbikak dening pangarsa
Yayasan HOPE Worldwide
Indonesia, Lucas Sanjaya. Kagiyatan menika kalajengaken mawi
panyuluhan kagem ibu-ibu ingkang saweg ngandhut lan ugi penyuluhan
kasarasan ibu lan anak. Kagiyatan menika dipunwontenaken amargi
miterat WHO, tingkat kematian ibu lan anak ing Indonesia menika
langkung inggil, inggih menika 20.000 tiyang ingkang seda amargi
proses babaran saben taunipun. Kagiyatan menika dipunlajengaken
kanthi pengobatan massal ingkang dipunwiwiti wanci jam 11.00 -14.00
siyang. Saben masyarakat ing dhusun Turen menika dipunparingi
satunggal kupon kangge priksa kasarasan kaliyan dokter ing papan
menika.
Kagem
pengobatan massal menika, Yayasan HOPE Worldwide Indonesia kerja sama
kaliyan Ikatan
Dokter Indonesia (IDI) Cabang Bantul, Rumah Sakit Nur Hidayah Bantul,
lan Puskesmas Jetis Bantul. Masyarakat dhusun Turen menika remen
sanget kaliyan kagiyatan menika, kabukti kanthi kathahipu masyarakat
ingkang badhe priksa kasarasanipun wonten ing kagiyatan menika.
Bakti
sosial kanthi tema “Menanam Benih Menuju Masyarakat Bantul Sehat,
Nyebar Wiji Ing Dinten Niki Amigunani Tumrape Bantul Seger Kwarasan
Ing Dinten Ngajeng” menika ugi ngawontenaken kagiyatan kagem
lare-lare ing dhusun Turen. Kagiyatanipun inggih menika pentas seni,
story telling lan ugi dolanan bocah. Ing wekdal punika ugi
dipunwontenaken wisuda HOPE Computer Training Center (CTC) kagem 34
siswa SMA ing Kabupaten Bantul. Para sisiwa menika dipunwisuda kanthi
panyerahan sertifikat dening Kepala Dinas Sosial DIY, Drs. H. Untung
Sukaryadi minangka wakil saking Gubernur DIY.
Yayasan
HOPE sampun wonten ing dhusun Turen menika wiwit prastawa gempa 27
Mei 2006. Yayasan menika mbiyantu mbangun griya kagem 1 kepala
keluarga (kk) ingkang griyanipun risak utawi rubuh. Yayasan menika
ugi paring pambiyantu kagem tiyang-tiyang wonten ing wewengkon menika
kanthi ngadegaken Computer Training Center (CTC) kagem sinten
kemawon ingkang badhe sinau komputer. Lan ing taun menika, yayasan
HOPE paring pambiyantu mawi pengobatan gratis lan kagiyatan-kagiyatan
sanesipun ingkang miginani kagem masyarakat dhusun Turen.
Yayasan
HOPE Worlwide Indonesia menika dipunadegaken wiwit taun 1994 kanthi
misi sederhana inggih menika paring katresnan kagem sesami. Strategi
ingkang dipunagem dening yayasan menika kagem paring pambiyantu
tiyang sesami menika kanthi ngadegaken pusat HARAPAN wonten ing
masyarakat kanthi program ingkang sanes wonten ing bidang kasarasan,
anak, pendidikan, lansia lan ketenagakerjaan. Yayasan menika tanggap
rikat menawi wonten prastawa-prastawa ingkang mbbebayani kadosta
gempa bumi ing Ngayogyakarta lan Nias, tsunami ing Aceh, lan
prastawa-prastawa sanesipun ing Indonesia. Yayasan menika ugi aktif
ing negara-ngara sanesipun, umpaminipun paring pambiyantu kagem
masyarakat ingkang wonten ing negara ingkang saweg perang kadosta
Suriah, Palestina lan sapanunggalanipun. Kanthi kagiyatan-kagiyatan
ingkang sampun dipunlakoni, yayasan menika nggadhahi ancas inggih
menika paring pangarep-arep kagem ngowahi pagesangan supados langkung
sae tinimbang sakderengipun.




Tidak ada komentar:
Posting Komentar