ARTIKEL
BUDAYA
AMONG-AMONG
Tiyang
Jawi menika tiyang ingkang kagungan kabudayan ingkang maneka warna.
Salah satunggalipun inggih menika among-among. Among-among inggih
menika ritual kangge mengeti dinten kelairanipun tiyang, among-amog
biasanipun dipunpengeti miturut petungan kalender modern (senen,
selasa, rebu, keis, jemuah, sebtu lan minggu) saha jawa(legi, pahing,
pon, wage kliwon). Ritual menika minangka wujud rasa sukur dhumateng
Gusti ingkang Maha Kuwasa amrih sampun parig keslametan dhaeng tiyang
menika.
Tiyang
Jawi menika lair kanti petugan. Dinten menapa, neptu menapa, wulan
menapa saha taun menapa.sedaya kelairan wau kedah dipunettang supados
saged dipunkira-kira menapa kemawon ingkang badhe kelakon ing
ngandhap, menapa becikipun, menapa patanganipun lan sapanunggalanipn.
Semana
uga tiyang ingkang lair tanggal 1 Sura. Wonten ing desa Canden menika
tiyang ingkang lair tanggal 1 sura menika dipundamelaken
among-among.miturut kapercayan masarakat, sura menika wulan ingkang
keramat., apamaneh 1 sura. 1 sura menika dipunanggep neptunipun nyi
roro kidul. Ados tiyang ingkang lair tanggal 1 sura menika nggadhahi
neptu ingkang sami kaliyan nyi roro kidul. Supados boten dijaluk
dening nyi roro kidul, tiyang
ingkang lair dinten 1 sura menika kedah dipundamelalen among-among.
Wonten ugi cariyos menawi tiyang ingkang dipunamong-amongi ing dinten
menika supados sing njaga
boten nesu lan boten lepas kendhali.
Among-among
menika awujud jenang abang putih, gudangan lan kembang ingkag
dipunsawuraken ing peturon tiyang ingkang dipunamong-amongi.
Salajengipun salah satunggaling wakil kulawarga ngongani sajen wau
kanti khidmat. Donga wau nyuwuk keslametan dhumateng Gusti ingkang
maha Kuwasa . Biasanipun ingkang dongani menika simbah utawi bapak
utawi tiyang paling sepuh ing kulawarga kasebat.
Menawa
kalawau namung satunggal kulawarga ingkang nglampahi, nanging
samenika anggenipun ngamong-amongi saged dipuntitipaken kaliyan mbah
kaum ingkang biasanipun damelaken among-among. Salajengipun
among-among menika dipundongakaken. Kulawarga ingkang nitip wau
angsal wujudipun among-among kalawau kadosta sega, gudangan lan
sapanunggalanipun.
Menawi
dipuntingali babagan kyakinan, miturut tiyang jawi menika saged
kalampahan lan boten dados prekawis. Ananging enawi saking agama,
tradisi menika dipunanggep sirik. Tradisi menika dipunanggep salah.
Miturut
kula, tradisi menika boten salah, amargi tujuan menika nggadhahi
tujuan minangka raos syukur dhumateng Gusti ingkang sampun pring
kasarasan kagem tiyang menika. Tamtu bab menika boten ewah saking
agama. Namung anggenipun mujuaken menika ngagem filosofinipun tiyang
jawa.
Among-among
menika salah satunggaling wujud kabudayan ingkang kedah dipunuri-uri.
Apa maneh jaman samenika, kathah tiyang ingkang sampun nglali utawa
boten peduli malih kaliyan tradisi jawa. Kanthi ngleksanakaken
among-among menika kawontenan tradisi menika tetep lestantun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar