Sabtu, 14 Desember 2013

cerkak


GETUN

Mau awan bali saka kuliah, aku nrima surat undangan reuni sekolah SMP. Undangan kang lagi wae tak tampa kui ngandharake menawa reuni bakal kalaksanan ing pesisir depok. Ah, nek kelingan jaman SMP ki marai ngguyu. Akeh pengalaman-pengalaman lucuku karo kanca-kancaku. Ana sik bolos bareng, mangkat telat nganti diseneni guru bareng. Nanging ana uga prastawa kang marai gela utawa getun banget. Bab rasa ing ati kang ora sengaja mampir. Rasa kang ketug saiki isih kasimpen rapet ing ati. Rasa kang dadi carita susah senengku ing SMP lan uga dadi salah sijining cerita urip kang ora bakal tak lalekke.
Isih kelingan nalika dheweke pisanan mlebu kelasku. Dheweke salah sawijining murid kang pindah saka Solo.
'jenengku Niko priyambada, aku seka Solo.'
Ngono kuwi anggone kenalan ing ngarep kelas. Lan sateruse dheweke dadi kanca sing nyenengake. Kabeh padha seneng karo Niko amarga supel, gelem kekancan karo sapa wae. Aku uga ora nyangka menawa Niko tanggaku. Ana kulawarga anyar kang lagi pindah saka Solo, lan iku kulawargane Niko. Omah kang ana ing pojok desa cedhak kali kae dadi omahe Niko lan kulawargane nganti saiki. Ora beda karo ning sekolah, ning desa Niko uga akeh kanca. Niko uga melu kumpulan pemudha-pemudhi lan aktif ing masarakat desaku.
Kagiyatan ing desa iku akeh. Apamaneh kagiyatan kang dilakuake dening pemudha-pemudhi, kayata kagiyatan masjid, kagiyatan taun barunan, lan uga ana kumpul-kumpul biasa supaya antarane pemudha-pemudhi iku luwih kompak. Saka kagiyatan pemudha-pemudhi kuwi mau aku dadi luwih cedhak karo Niko. Kanggoku dheweke wis kaya kakangku. Menawa pit-pitan mesti jejer karo geguyon. Kadhangkala aku dijajakke Niko menawa padha jajan-jajan bar saka pit-pitan. Semana uga karo kagiyatan liyane.
Salah sawijining dina, ing desa ameh dianakake pengajian. Pemudha-pemudhi pada ubeg ngresiki masjid karo gegojegan. Dina kuwi aku duwe jepitan rambut anyar kang lagi wae tak tuku. Novi sik reti nek aku duwe jepit rambut anyar ngolok-olok karo reresik sirambi. 'cieee cieee jepite Sari anyar je,,, jilih aku,, cieee cieee'. Kanca-kanca liyane banjur padha melu ngolok-olok marai aku isin. 'halah gor jepitan we,, biasa wae' kandhaku karo rada mangkel. Niko kang ana ing mburiku ujug-ujug narik jepit rambutku karo cengengesan. Dheweke banjur mlayu lunga ngadoh. Aku kang kelangan jepit rambut banjur nguyak Niko karo bengok-bengok: 'endi jepitanku,, ko aja digawa lunga, endi jepitanku'.
Niko kang ora ngrungokake apa sing tak omongke tetep mlayu karo cengengesan. Ujug-ujug dheweke tiba kesandhung klasa mak bruk banjur krungu suara 'krreteekk'. Aku kaget, gek-gek jepit rambutku pecah. Lah tenanan jebul sek pecah jepitanku. Aku banjur lunga karo nesu. Niko kang reti aku nesu banjur nguyak karo jaluk ngapura: 'Sar, aja nesu to.. suk tak ijoli wis.. aku guyon mau, aja nesu yo? Kandhane dheweke kanti rai melas. Aku tetep kekeh ora gelem ngenei ngapura. Aku ngumbahi klasa mesjid karo nesu. Niko kang melu ngewangi ngumbahi tetep jaluk ngapura. Ujug-ujug keprungu suwara mak brug. Jjebule Niko kepleset ning mburiku. Aku ngguyu kepingkel-pingkel merga tingkahe. Ah, aku pancen raiso suwe-suwe nesu karo dheweke.
Anggonku cedhak karo Niko uga nular ing sekolah. Malahan kadhangkala dheweke seneng nggodhani aku kaya jupuk barangku marai aku kudu nguyak-nguyak dheweke turut sekolah. Kanca-kancaku ing sekolah padha ngira yen aku karo Niko pacaran amarga sering ribut wong 2 ing kelas.
Dina kui, aku garap tugas matematika ing kelas.
'kowe ngapa ri? Kok sregep men,,, kandhane Anis, kancaku sakelas.
'garap PR, aku lali rug garap je,,'
'Ri, kowe pacaran po ro Niko?' takone Anis.
'Oralah,, aku gor kanca kok' kandhaku karo tetep garap tugas
'Ri, nek Niko kae wes duwe pacar rung? Nek urung mbok aku dicomblangke ro dheweke?' kandhane Anis kanthi lirih
'Apa? Kowe seneng Niko' bengokku tanpa sadhar
'sssttt aja sero-sero!' kandhane Anis karo mendelik
'Hehehehe sori ak keceplosan. Ok, ok sesuk tak comblangke, tenang wae. Dheweke ora duwe pacar kok.'
'Tenan lo,,, nuwun ya' kandhane Anis karo metu saka kelas.
Sawise prastawa kuwi, aku mesthi dolan karo Anis. Tujuanku ora liya supaya Anis luwih cedhak karo Niko. Malahan aku kerep ngomongke Anis ning ngarepe Niko, nanging Niko mesthi ra tau nggagas. Dheweke dadi cuek manawa aku ngomongke Anis.
Dina kuwi tanggal 14 februari. Akeh sik padha ngarani dina valentine. Ing dina kui, pemudha pemudhi padha ngrayakke kanthi menehi coklat kanggo pacare utawa kancane. Semana uga ing kelasku. Kanca-kanca padha ubeg ngomongke dina valentine. Aku mlebu salah sawijining wong kang cuek karo bab-bab kaya ngono kuwi gor trima meneng ning kelas.
'Ri, ayo melu aku.' kandhane Niko karo mettu seka kelas.
'arep ning ngendi?' takonku nanging dheweke meneng wae karo tetep mlaku.
Aku mung manut wae mbuntut dheweke nganti ketug kidul kelas. Dheweke menehi aku coklat karo ngguyu.
'Iki nggo kowe' kandhane.
Aku kanthi seneng nrima coklat mau. Ora nyana Anis weruh prastawa mau.
Muleh sekolah aku diajak Anis ngomong wong 2. Aku karo Anis banjur omong-omongan ing mburi sekolah.
'Koe seneng Niko yo?' takone Anis kanthi mbesengut
'ora, omonge sapa? Aku kan wis omong nek gor kanca.'
'la mau ngapa nrima coklate?' kandhane Anis kanthi suara sik saya sero.
'aku nrimane tekna dheweke kancaku/' aku coba jelaske kanthi sabar
'tapi dheweke gemang nrima coklatku. Katane dheweke seneng karo kowe!' Anis ngomong karo sesegukan. Aku kang kaget diomongi ngono kuwi mung meneng. Sawise ngomong mangkono Anis banjur lunga.
Prastawa ing mburi sekolah iku nggawe kakancananku karo Anis dadi adoh. Anis saiki ora tau maneh dolan karo aku. Menawa aku marani Anis, dheweke banjur lunga. Menawa kepethuk ning dalan, ra tau aruh-aruh kaya wong ra kenal. Aku uga wis ngomongke prastawa kuwi karo Niko, nanging dheweke ora nggagas.
'Ben, malah ra tau nganggu.' kandhane karo ngonthel pit. Aku sing krungu jawabe gor iso mbesengut.
Dina kuwi aku lelengguh ana ing ngarep omah. Novi, kancaku ing desa mara karo mesam-mesem, sajake bungah atine. Reti-reti dheweke takon karo aku kanthi mesam-mesem.
'Ri, kowe ki seneng ora karo Niko?' takone karo mesam mesem. Aku kang kaget ditakoni kaya ngana jawab kanthi gugup.
'Ora. La ngapa?' takonku balik
'Ora papa kok, gor takon wae,' jawabe dheweke. Aku mung meneng weruh tingkahe Novi sing aneh kuwi. Novi clingak-clinguk karo ngomong alon-alon.
'Aku ki dikongkon Niko nakokke kuwi, dheweke mau ki ning mburi wit iki. Ning kok saiki ra ana gek neng ngendi? Kandhane Novi.
'embuh, ra reti aku.' jawabku cuek.
Sawise prastawa ing ngarep omah kuwi aku ora tau kepethuk Niko. Menawa ketemu ning sekolah, dheweke ra tau nganggu utawa ngomong karo aku. Semana uga ana ing desa. Aku dikandhani Novi menawa dheweke kuciwa karo aku amarga omonganku ing ngarep omah kae. Saya suwe aku ngrasa saya kelangan. Dheweke kang biasane nganggu aku, saiki cuek karo aku tanpa sebab kang jelas. Saya suwe aku saya sadhar menawa aku uga duwe rasa karo dheweke, nanging aku wedi anggone ngomong.
Nganti saiki, aku isik mendhem rasaku kanggo dheweke. Aku getun karo tindakanku pirang-pirang taun kepungkur. Aku wis gawe kuciwane wong liya, mesthi iki balesane kanggo aku. Aku kudu iso nglalekke Niko. Apamaneh dheweke wes duwe bojo, aku ora etuk trisna marang bojone wong liya. Aku kudu wani ketemu karo Niko minangka kanca, tekade atiku kanggo reuni SMP minggu ngarep.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar