PENGALAMANKU
Jebule
Sepatuku Kentir
Dina
minggu, kanca-kanca sadesa padha janjian arep menyang parangtritis.
Anggone menyang padha numpak pit bebarengan, ana sek numpak pit dhewe
ana uga sek padha boncengan. Aku boncengan karo kancaku sing jenenge
Novi.
Dina
kui parangtritis rame banget amarga dina preinan dadi akeh sing padha
plesiran ing kana. Aku lan kanca-kanca milih panggon ing pojok wetan
sing ora rame banget. Tas lan sepatu dilumpukake dadi siji lan ana
salah siji wong sing jaga supaya ora ilang. Kanca-kanca liyane banjur
padha dolanan dhewe-dhewe, ana sik dolanan pasir, peplayon lan uga
padha bal-balan.
Pas
lagi seneng-senenge padha dolanan, ana omak gedhe teka. Sanalika
kabeh padha mlayu. Nanging ana salah siji kancaku sing bengok-bengok
karo muni “tase, sandale... gek do digawani”. Kanca-kancaku
banjur padha mlayu jupuki barange dhewe-dhewe. Sanalika ombak mau
nggebyur awak-awake kanca-kanca kabeh. Aku weruh ana sandal siji kang
kentir kegawa ombak mengidul. Aku kang rumangsa wis nyaut tasku karo
sandalku banjur ngomong “sepatune sapa kae sik kentir,,, nyeker lo
mengko le bali,,,”. Sanalika kanca-kancaku padha ubyek goleki
sepatune dhewe-dhewe. Kancaku Novi banjur mara karo ngomong “ nuwun
yo, sepatuku wis digawakke”. Aku kaget, la dene sepatune sing tak
gawa kuwi salah sijine sepatune Novi, la terus sepatuku sik siji ning
ngendi? Aku banjur goleki sepatuku sik siji ning kanca-kanca liyane
nanging ra ana sing nggawa. Lha dalah, jebulane sepatu sik kentir mau
sepatuku. Ombak sing gedhe mau wis nggawa sepatuku nglangi ning
segara kidul kana. “Oalah klakon ki aku muleh nyeker” kandhaku
karo lemes. Sanalika kanca-kancaku padha ngguyu cekakaan nggeguyu
nasibku mau.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar