Sabtu, 14 Desember 2013

teks pranatacara panggih pengantin


Nuwun .
Para tamu ingkang minulyeng budi, kawuningana bilih adicara panggihing risang pinanganten tumuli badhe kawiwitan. Minangka pakurmatan panggihira risang pinanganten, para tamu kasuwun jumeneg.
Wus dungkap ing mangsa kala, ana titahing Gusti jalu tanapi wanita arsa mestuti edi endahing budaya jawi kanthi nindakaken adicara panggih. Panggihira rising pinanganten binarung ungeling gendhing lancaran bindri.
……….( gendhing Lancaran Bindri)…….
Mangungkung ungeling gendhing Lancaran Bindri, gya humiring timbuling paraga kang hambeksa edan-edanan. Beksan edan-edanan kinarya sarana panyuwun mring ngarsaning Gusti kang Mahakawasa mrih lulus raharja tumapaking adicara panggih. Juru beksa darbe jejibahan hambrastha saniskaraning sambekala kang bakal ngreridhu lampahing sri atmaja pinanganten. Sakehing godha rencana kabujung, katundhung, pinaringan rahayu wit sihing Gusti kang Mahaluhung.
Kinarya purwakaning adicara panggih, juru ampil pisang sanggan sigra mangarsa ngabyantara ing ngarsanipun Bapak-Ibu….Pisang sanggan minangka panebusing rising pinanganten. Tegese pisang sawega nampi gesang, risang pinanganten kakung sawega nampi gesangipun pinanganten putri, sarwa-sarwi tanggel jawab, suka pangayoman, mrih karaharjaning wanita . Juru ampil pisang sanggan wus aben ajeng kaliyan Bapak-Ibu …sarwa imbal wacana , ‘’ Ibu kula ngaturaken pisang sanggan minangka panebusing risang pinanganten putrid.’’ ‘’Nun inggih sampun kula tampi adicara panggih tumuli badhe kalajengaken .’’
Paripurna ngaturaken pisang sanggan, juru ampil pisang sanggan sigra wangsul ing sasana sakawit. Sang juru sumbaga suka sasmita tumapaking adicara temu utawa panggih . Lumaksana risang pinanganten kakung miwah putri. Kang mangarsani lampah risang pinanganten nenggih juru ampil sekar kembar mayang. Juru ampil kembar mayang marepegi sang Abagus risang pinanganten kakung . Kembar mayang kakepyokaken bahu kanan lan keringira risang pinanganten . Kanthi pangajab sentosa raga, pikukuh ing driya , ilang salwiring sukreta, kalis saking sambekala . Saniskaraning rubeda kabuncang sesarengan kaliyan kembar mayang ing catur marga.
Saya caket anggenira lumaksana rising pinanganten. Sangsaya caket samya apagut tingal. Tempuking pandulu mbabar raos geter ing telenging nala, satemah datan saranta pisang pinanganten putri ambalang gantal. Amung sakedheping netra rising pinanganten kakung mbales ambalang gantal. Gantal nun inggih suruh matemu rose ingkang minangka sarana ambuntel sarananing ganten. Suruh tinasunglan ing lawe seta satuhu ngemu pralampita, suruh lumah lawan kurep dinulu beda rupane ye gineget tunggal rasane. Sanajan sajuga mijil wanita, satunggal mijil priya, rising pinanganten kalamun sampun gambuhing penggalih, temu ing raos, tinangsulaning rasa tresna ingkang suci, pinesthi dadi jodhone. Pambalangira pinanganten putri tumuju ing jaja miwah jengku. Gantal ing jaja amrih sri pinanganten kakung darbe rasa asih mring garwa. Tumuju ing jengku rising pinanganten putrid tansah ngajeng-ajeng ing pamengku. Sageda pinanganten kakung mengku wanodya dados pengayomaning brayat . Pambalanging gantal pinanganten kakung nering palaraban miwah jaja.
Tumuju ing palaraban ngemu wasita panyuwun mrih wanodya mulur ing cipta, dene ing jajah amrih mekaring rasa. Satemah pinanganten putri saged menggalih kanthi weninging rasa. Saniskaraning tumindak miwah wicara mung karenak tyasing sasama.
Saya caket lumaksana rising pinanganten, sri pinanganten putri age-age ngabekti mring garwa kanthi sumembah tumuli amijiki samparaning kang raka kang winastan ranupada. Ranu wis ngarani toya, pada teges samparan. Sri pinanganten putri mijika samparaning kang raka, kanthi sedya ngatonaken darma bekti mring garwa amberat sawarnaning sukreta, satemah anggenira lumebet ing alam madya gesang bebrayan saged lulus manggih kamulyan. Toya perwita kang minangka sarana pambasuhing pada manunggal mring sekar triwarna, nun inggih mawar, melati, miwah kenanga. Gandane sekar, den pepuji amrih ing tembe ngambar arum gandane risang pinanganten, kuncara asmane, bisa dadi tepa palupining brayat mudha.

Paripurna winijikan samparanira, jinunjung lenggah risang pinanganten putri kebak ing rasa asih lan tresna. Pralampitane, risang pinanganten minangka jejering priya kasdu ngangkat drajating wanodya amrih saged jajar kaliyan drajating priya.
Sigra sang juru sumbaga menteg antiga ing palarabanira risang pinanganten sarimbit. Antiga binanting pecah sanalika. Pecahing antiga dadya bibit kawit, pralampita mrih risang pinanganten enggal pinaringan momongan putra kang bisa nyambung sarasilahing kulawarga.
………………..(gendhing sigeg)……………….
Nalika semana risang pinanganten wus jumeneng jajar, satuhu sajajar drajating priya lan wanita, sanadyan wanodya datan nyingkur kodrating wanita minangka garwa. Risang pinanganten arsa lumampah tumuju ing sasana rinengga, aloke kang samya humiyat kae lho pengantene.
……………………(gendhing ladran penganten)……………………….
Gandheng renteng-renteng kekanthen asta risang pinanganten sarimbit, jumangkah tumuju wonten ing sasana mulya. Kadya raja myang parameswariarsa tedhak siniwaka lenggah ing dhamar denta. Sapungkurnya risang pinanganten inggih ingkang Bapak miwah Ibu…… sukarena ing wardaya Bapak-Ibu….dupi wus bisa ngentasi wajibing wredha malakramakaken putra pinanganten sarimbit, nun inggih hayu……kaliyan Bgus……priya mijil sakil tlatah……wus widagda nambut guna talining akrama risang pinanganten kanthi napak asmani pustaka pikukuhing palakrama. Tumapaking adicara ijab ing dinten……surya kaping……mapan ing……ing wanci menika mestuti tatacara adiluhung kanthi nindakaken adicara panggih. Para kadang samya tutwuri mring tindakira risang pinanganten. Jumurung mring karsanira risang pinanganten, angenjra darbe karsa mangun bale wisma, mangun kulawarga, mugi ing tembe nggal saged antuk kamulyaning gesang, atut-runtut reruntungan kadya mimi hamintuna.
……………………(gendhing ladran penganten suwuk)……………………….
Sampun lenggah ing sasana mulya risang pinanganten, gunging panuwun dhumateng para tamu ingkang sampun suka pakurmatan tumapaking adicara panggih, kepareng lenggah ing sasana sakawit. Kawuryan sri pinanganten sampun lenggah ing sasana mulya, suka ing driya risang pinanganten putri, ginantha ing wardaya kadya puspawarnane.
-------------------------------------( gendhing Ketawang Puspawarna )-------------------------------------
Jangkeping adat tatacara jawi risang pinanganten nindakaken guna tampa kaya. Guna tampa kaya, Kyai Ambarsejati nenggih risang pinanganten kakung paring tampa kaya mring Nyai Ambarsejati nenggih risang pinanganten putri. Guna tampa kaya, pralambang tanggel jawabing priya.
Minangka tetungguling kulawarga darbe tanggel jawab nyekapi sandhang boga ing kulawarga. Tampa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, won jenar, arta pralambanging boga, wastra, miwah hartaka. Mugi risang pinanganten ing tembe kacekapan sandhang boga, syukur bage pinaringan kasugihan. Lamun pinaringan kasugihan sageda lumeber mring para kadang sentana, tangga tepalih. Kawuryan risang pinanganten putri nampi tampa kaya datan wenten ingkang marebel mratandhani dados wanodya ingkang gemi, nastiti, surti, tur ngati-ati. Asiling tampa kaya katitipaken mring wanodya kang pinitados rumeksa kawidagdaning tampa kaya nun inggih ingkang ibu, ibu ... . Paripurna nitipaken tampa kaya, pinanganten sarimbit wangsul ing sasana sakawit, nenggih sasana pinajang.
Tumuli risang pinanganten nindakaken dhahar walimahan. Risang pinanganten kakung angepel-epel sekul punar, mangunggal dados sawiji. Datan wenten ingkang gagar wigar tanpa karya. Ngemu pralampita, bilih risang pinanganten wus manunggalaken kalih janma myang wong tuwa. Manunggaling kalih janma nenggih risang pinanganten sarimbit, lan manunggaling tiyang sepuh nenggih ingkang bebesanan Bapak-Ibu ... kaliyan Bapak-Ibu ... .
Paripurna angepel sekul, pinanganten kakung suka sih dhumateng garwa amrih dhahar sekul walimahan, dene pinanganten kakung cekap mriksani kewala sampun suka ing manah, langkung-langkung mriksani citranira ingkang garwa ingkang sulistyaning warna. Suka rena ing nala, pinaringan sih wilasa mring garwa, risang pinanganten putri dhahar sekul punar sarwa lawuh ati antep. Tegese wis mantep ing sajroning ati, sri pinanganten pinesthi dadi jodhone, pinesthi dadi jatukramane.


Paripurna dhahar walimahan, sri pinanganten sarimbit ngunjuk toya wening. Dadi pratandha kalamun risang pinanganten badhe necep maduning asmara-janma, manunggalaken ning rasa, rasa jati, sejatining rasa, satemah mijilaken kama warni seta saking pokaling bapa miwah kama warni rekta saking pokaling rena, ing tembe saged mbabar putra kang minangka rerengganing balewisma. Ngunjuk toya wening ugi dados pratandha kalamun sadaya tumindak miwah muna-muni badhe kapenggalih kanthi weninging nala, satemah amung rahayu kang bakal tinemu kados unen-unen ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busana, ajining awak gumantung tumindak.
--------------------------------( gendhing Ketawang Puspawarna suwuk )---------------------------------
Tumuli salajengipun Bapak-Ibu ... badhe mapag ingkang besan ing wiwaraning sasana wiwaha. Kalamun pinanggya age-age ingkang hamengku gati ngaturaken pambagya kawilujengan.
---------------------------------------( gendhing ladrang Sri Wilujeng )-------------------------------------
Wus jengkar saking palenggahan, Bapak-Ibu ... arsa mapag ingkang besan. Bapak-Ibu ... sampun ngantu-antu praptaning kang besan, arsa mbage kabagyan awit dhauping putra pinanganten. Nalika lumaksana Bapak-Ibu ... tansah suka ing galih, kacihna esem tamsah sinunggih ing lati. Satindak tumoleh manganan, sapecak tumoleh mangering lamun rinumpaka kadya asung pambagya mring para tamu ingkang minulya.
Sampun pinanggya ingkang bebesanan ing wiwaraning sasana wiwaha. Ingkang bebesanan samya djejawat asta, Bapak-Ibu ... ngaturaken kawilujengan Sugeng rawuh dhumateng ingkang besan Bapak-ibu … ingkang rawuh saking … aanggenira lumaksana para ibu wonten ing ngarsa, para bapak wonten ing pungkur. Menika dados pratandha kalamun para priya suka pangayoman marang para wanita, para priya suka panjurung tumindaking para wanodya kang datan nalisir saking paugeraning kahutamen.
Wus gambuh penggalira ingkang bebesanan, suka rena ing driya dupi uninga ingkang putra lenggah jajar ing sasana mulya, langkung-langkung para tamu ingkang sampun lenggah pepak sinaroja, paring pangestu dhumateng rising pinanganten. Den gegadhang amrih ingkang putra kang lenggah ing sasana mulya, satuhu bakal mulya uripe, nemu kabagyan, lan karaharjan. Kepareng ingkang besan kadherekaken lenggah wonten ing sisih kiringira rising pinanganten. Paripurna ngaturaken palenggahan pakurmatan dhumateng ingkang besan, Bapak-Ibu … wangsul ing sasana sakawit.
-------------- (gendhing Ladrang Sri Wilujeng Suwuk_ ---------------------
Sang juru sumbaga, suka sasmita rising pinanganten, pinisepuh anglolos ingkang dhuwung, pinanganten anglepas canela, pratandha tumapaking adicara sungkeman. Rising pinanganten arsa anguswa pepadaning ingkang rama miwah ibu, nyuwun idi pangestu amrih ing tembe rahayu uripe sri pinanganten.
--------------(gendhing Ladrang Mugi Rahayu) ----------
Wus jumangkah saking sasana rinengga rising pinanganten, manunggaling karsa kasdu anguswa pepadaning ingkang rama miwah ibu.repepeh repepeh angeka pada, ngabyantara rising pinanganten ing ngarsanira ingkang rama miwah ibu.tangkeping asta sarwa sumembah ing jengku ering kanan. Yayah konjem ing bantala wedanane rising pinanganten sumungkem ing pepadanira ingkang rama miwah ibu. Dupi sinungkeman ing pepadanira ingkang rama miwah ibu datan bias micara kadya sinendhal mayang batine, sumedhot ing galih dene putra sing linairake saiki wis diwasa arep mangn balewisma, datan karasa trenyuhing nala akarya tumutesing waspa lamun kacandra kadya mutyara rinonce. Ingelus-elus pamidhangane ingkang putra, ingusap-usap rikmane. Ingaras kembak ing rasa asih lan tresna.
Paripurna anguswa pepadaning Bapak-Ibu … sigra mangarsa ing pepadaning Bapa-Ibu … Risang pinanganten arsa ngaturaken sungkem pangabekti dhumateng tiyang sepuh, nyuwun gunging pangaksama sedaya kalepatan, sarta nyuwun idi miwah pangestu anggenipun dhaup palakrama amrih saged manggih kamulyaning gesang. Sarwa sumembah ing jengku ingkang rama-ibu. Dupi pinaringan pangastawa, puji pangestu rahayu, anyles kekes, hayom,hayem, tiyang sepuh rumaos hangayomi. Trenyuhing nala rising pinanganten mahanani eling marang purwa duksina. Eling purwane rama kang wis ngukir jiwa ragane, eling marang ingkang ibu kang wis minangka sasana yoga brata ing jagad lokabara alaming kandhungan nawa candra dasa ari suwene. Eling rama lan ibu, ingkang sampun nggulawentah wiwit timur, dumugi ing kadewasane, dene samenika arsa uwal saking pangkoning rama miwah ibu, bawa priyangga mangun balewisma, manunggal kaliyan ingkang garwa.
Paripurana sumungkem ing pepadaning rama ibu rising pinanganten ateges sampun paripurna tumapaking adot tatacara jawi panggihing rising pinanganten.


(kapethik saking buku "Tata Upacara dan Wicara Gaya pengantin Yogyakarta".Drs Suwarna Pringgawidagda, M.Pd.2006)

Feature objek wisata


FEATURE
POK TUNGGAL, WISATA KANG TASIH ASRI

Pesisir Pok Tunggal dumunung wonten ing Desa Tepus, Kecamatan Tepus, kabupaten Gunungkidul Ngayogyakarta. Pesisir ingkang dumunung wonten ing satengahing pesisir siung lan pesisir indrayanti menika gadhah daya tarik kangge wisatawan lokal saha mancanegara.
Margi tumuju pesisir menika dereng alus amargi dereng dipunaspal utawi dipunkonblok. Menawi jawah, margi menika langkung lunyu saengga menawi badhe liwat margi menika kedah ngati-ati. Sasampunipun nglewati margi ingkang boten alus wau kinten-kinten 1 kilometer menika sampun dugi wonten ing pesisir pok tunggal.

Menawi mlebet pesisir menika, wonten wit duras ingkang langka. Wit menika dumunung ing pinggir dalan salebeting pesisir menika. Miturut masarakat ing pesisir pok tunggal, wit duras menika susah anggenipun urip pramila masarakat sakiwa tengenipun pok tunggal njagi sanget wit kasebat. Wisatawan ingkang plesir wonten ing pesisir menika boten angsal menek wit menika.
Pesisir menika wedhinipun warni pethak. Wonten ing sakiwa tengenipun pesisir menika wonten tebing-tebing ingkang curam. Menawi badhe munggah wonten nginggil tebing, kita kedah nglewati sesek saking pring ingkang dipundamel swadaya dening masarakat. Anggenipun liwat kedah ngati-ati amargi sesek menika lunyu menawi jawah. Menawi liwat sesek menika ugi wonten kotak kangge nglebetaken arta kangge pambiyantu ngrenovasi kawontenan sesek menika. Wisatawan ingkang badhe minggah menika boten ngagem tiket, namung arta saikhlasipun. Saking arta menika, masarakat saged ngewah-ewahi kreteg menika supados luwih sae malih.

Menawi sampun ing nginggil tebing menika saged ningali pesisir-pesisir ing sakiwa tengenipun pesisir pok tunggal. Ing wetanipun menika wonten kumpulan karang-karang ingkang kagerus ombak. Ombakipun ugi ageng sanget. Anginipun ing nginggil menika ugi ageng, semilir saha katon kepenak kangge ngaso.
Karang-karang wonten ing sawetanipun pesisir pok tunggal menika endah sanget. Kadhangkala wonten tiyang ingkang mancing wonten ing laut saengga kita saged ningali anggenipun mancing. Kadhangkala ugi wonten masarakat ingkang pados urang utawi jingkig wonten ing sakiwa tengenipun karang menika. Urang utawi jingking menika saged kangge dipundamel peyek utawi panganan sanesipun.

Wonten ing pesisir pok tunggal, wisatawan saged dolanan ombak saha wedhi, ugi saged nyewa tendha payung kagem ngaso wonten ing pinggir pesisir menika. Menawi badhe nginep utawi kemah ing pesisir, ugi wonten ingkang nyewakaken tendha kagem nginep ing pesisir. Wonten ing sakiwa tengenipun ugi wonten masarakat ingkang nyade maneka warna panganan, umpaminipun degan, mie, saha sapanunggalanipun.

Menawi badhe plesir wonten ing pesisir menika kedah njagi karesikan pesisir pok tunggal, amargi pesisir menika resik sanget. Boten wonten sampah ingkang sumlebar wonten ing pesisir amargi masarakat lan wisatawan menika boten nuwang sambah sapenakipun piyambak. Wonten ing wewengkon pesisir menika ugi dipunsediyani bak-bak sampah kagem buang sampah supados wisatawan lan masarakat menika saged njagi karesikan.

opini pendek

PENGALAMANKU

Jebule Sepatuku Kentir

Dina minggu, kanca-kanca sadesa padha janjian arep menyang parangtritis. Anggone menyang padha numpak pit bebarengan, ana sek numpak pit dhewe ana uga sek padha boncengan. Aku boncengan karo kancaku sing jenenge Novi.
Dina kui parangtritis rame banget amarga dina preinan dadi akeh sing padha plesiran ing kana. Aku lan kanca-kanca milih panggon ing pojok wetan sing ora rame banget. Tas lan sepatu dilumpukake dadi siji lan ana salah siji wong sing jaga supaya ora ilang. Kanca-kanca liyane banjur padha dolanan dhewe-dhewe, ana sik dolanan pasir, peplayon lan uga padha bal-balan.
Pas lagi seneng-senenge padha dolanan, ana omak gedhe teka. Sanalika kabeh padha mlayu. Nanging ana salah siji kancaku sing bengok-bengok karo muni “tase, sandale... gek do digawani”. Kanca-kancaku banjur padha mlayu jupuki barange dhewe-dhewe. Sanalika ombak mau nggebyur awak-awake kanca-kanca kabeh. Aku weruh ana sandal siji kang kentir kegawa ombak mengidul. Aku kang rumangsa wis nyaut tasku karo sandalku banjur ngomong “sepatune sapa kae sik kentir,,, nyeker lo mengko le bali,,,”. Sanalika kanca-kancaku padha ubyek goleki sepatune dhewe-dhewe. Kancaku Novi banjur mara karo ngomong “ nuwun yo, sepatuku wis digawakke”. Aku kaget, la dene sepatune sing tak gawa kuwi salah sijine sepatune Novi, la terus sepatuku sik siji ning ngendi? Aku banjur goleki sepatuku sik siji ning kanca-kanca liyane nanging ra ana sing nggawa. Lha dalah, jebulane sepatu sik kentir mau sepatuku. Ombak sing gedhe mau wis nggawa sepatuku nglangi ning segara kidul kana. “Oalah klakon ki aku muleh nyeker” kandhaku karo lemes. Sanalika kanca-kancaku padha ngguyu cekakaan nggeguyu nasibku mau.


cerkak


GETUN

Mau awan bali saka kuliah, aku nrima surat undangan reuni sekolah SMP. Undangan kang lagi wae tak tampa kui ngandharake menawa reuni bakal kalaksanan ing pesisir depok. Ah, nek kelingan jaman SMP ki marai ngguyu. Akeh pengalaman-pengalaman lucuku karo kanca-kancaku. Ana sik bolos bareng, mangkat telat nganti diseneni guru bareng. Nanging ana uga prastawa kang marai gela utawa getun banget. Bab rasa ing ati kang ora sengaja mampir. Rasa kang ketug saiki isih kasimpen rapet ing ati. Rasa kang dadi carita susah senengku ing SMP lan uga dadi salah sijining cerita urip kang ora bakal tak lalekke.
Isih kelingan nalika dheweke pisanan mlebu kelasku. Dheweke salah sawijining murid kang pindah saka Solo.
'jenengku Niko priyambada, aku seka Solo.'
Ngono kuwi anggone kenalan ing ngarep kelas. Lan sateruse dheweke dadi kanca sing nyenengake. Kabeh padha seneng karo Niko amarga supel, gelem kekancan karo sapa wae. Aku uga ora nyangka menawa Niko tanggaku. Ana kulawarga anyar kang lagi pindah saka Solo, lan iku kulawargane Niko. Omah kang ana ing pojok desa cedhak kali kae dadi omahe Niko lan kulawargane nganti saiki. Ora beda karo ning sekolah, ning desa Niko uga akeh kanca. Niko uga melu kumpulan pemudha-pemudhi lan aktif ing masarakat desaku.
Kagiyatan ing desa iku akeh. Apamaneh kagiyatan kang dilakuake dening pemudha-pemudhi, kayata kagiyatan masjid, kagiyatan taun barunan, lan uga ana kumpul-kumpul biasa supaya antarane pemudha-pemudhi iku luwih kompak. Saka kagiyatan pemudha-pemudhi kuwi mau aku dadi luwih cedhak karo Niko. Kanggoku dheweke wis kaya kakangku. Menawa pit-pitan mesti jejer karo geguyon. Kadhangkala aku dijajakke Niko menawa padha jajan-jajan bar saka pit-pitan. Semana uga karo kagiyatan liyane.
Salah sawijining dina, ing desa ameh dianakake pengajian. Pemudha-pemudhi pada ubeg ngresiki masjid karo gegojegan. Dina kuwi aku duwe jepitan rambut anyar kang lagi wae tak tuku. Novi sik reti nek aku duwe jepit rambut anyar ngolok-olok karo reresik sirambi. 'cieee cieee jepite Sari anyar je,,, jilih aku,, cieee cieee'. Kanca-kanca liyane banjur padha melu ngolok-olok marai aku isin. 'halah gor jepitan we,, biasa wae' kandhaku karo rada mangkel. Niko kang ana ing mburiku ujug-ujug narik jepit rambutku karo cengengesan. Dheweke banjur mlayu lunga ngadoh. Aku kang kelangan jepit rambut banjur nguyak Niko karo bengok-bengok: 'endi jepitanku,, ko aja digawa lunga, endi jepitanku'.
Niko kang ora ngrungokake apa sing tak omongke tetep mlayu karo cengengesan. Ujug-ujug dheweke tiba kesandhung klasa mak bruk banjur krungu suara 'krreteekk'. Aku kaget, gek-gek jepit rambutku pecah. Lah tenanan jebul sek pecah jepitanku. Aku banjur lunga karo nesu. Niko kang reti aku nesu banjur nguyak karo jaluk ngapura: 'Sar, aja nesu to.. suk tak ijoli wis.. aku guyon mau, aja nesu yo? Kandhane dheweke kanti rai melas. Aku tetep kekeh ora gelem ngenei ngapura. Aku ngumbahi klasa mesjid karo nesu. Niko kang melu ngewangi ngumbahi tetep jaluk ngapura. Ujug-ujug keprungu suwara mak brug. Jjebule Niko kepleset ning mburiku. Aku ngguyu kepingkel-pingkel merga tingkahe. Ah, aku pancen raiso suwe-suwe nesu karo dheweke.
Anggonku cedhak karo Niko uga nular ing sekolah. Malahan kadhangkala dheweke seneng nggodhani aku kaya jupuk barangku marai aku kudu nguyak-nguyak dheweke turut sekolah. Kanca-kancaku ing sekolah padha ngira yen aku karo Niko pacaran amarga sering ribut wong 2 ing kelas.
Dina kui, aku garap tugas matematika ing kelas.
'kowe ngapa ri? Kok sregep men,,, kandhane Anis, kancaku sakelas.
'garap PR, aku lali rug garap je,,'
'Ri, kowe pacaran po ro Niko?' takone Anis.
'Oralah,, aku gor kanca kok' kandhaku karo tetep garap tugas
'Ri, nek Niko kae wes duwe pacar rung? Nek urung mbok aku dicomblangke ro dheweke?' kandhane Anis kanthi lirih
'Apa? Kowe seneng Niko' bengokku tanpa sadhar
'sssttt aja sero-sero!' kandhane Anis karo mendelik
'Hehehehe sori ak keceplosan. Ok, ok sesuk tak comblangke, tenang wae. Dheweke ora duwe pacar kok.'
'Tenan lo,,, nuwun ya' kandhane Anis karo metu saka kelas.
Sawise prastawa kuwi, aku mesthi dolan karo Anis. Tujuanku ora liya supaya Anis luwih cedhak karo Niko. Malahan aku kerep ngomongke Anis ning ngarepe Niko, nanging Niko mesthi ra tau nggagas. Dheweke dadi cuek manawa aku ngomongke Anis.
Dina kuwi tanggal 14 februari. Akeh sik padha ngarani dina valentine. Ing dina kui, pemudha pemudhi padha ngrayakke kanthi menehi coklat kanggo pacare utawa kancane. Semana uga ing kelasku. Kanca-kanca padha ubeg ngomongke dina valentine. Aku mlebu salah sawijining wong kang cuek karo bab-bab kaya ngono kuwi gor trima meneng ning kelas.
'Ri, ayo melu aku.' kandhane Niko karo mettu seka kelas.
'arep ning ngendi?' takonku nanging dheweke meneng wae karo tetep mlaku.
Aku mung manut wae mbuntut dheweke nganti ketug kidul kelas. Dheweke menehi aku coklat karo ngguyu.
'Iki nggo kowe' kandhane.
Aku kanthi seneng nrima coklat mau. Ora nyana Anis weruh prastawa mau.
Muleh sekolah aku diajak Anis ngomong wong 2. Aku karo Anis banjur omong-omongan ing mburi sekolah.
'Koe seneng Niko yo?' takone Anis kanthi mbesengut
'ora, omonge sapa? Aku kan wis omong nek gor kanca.'
'la mau ngapa nrima coklate?' kandhane Anis kanthi suara sik saya sero.
'aku nrimane tekna dheweke kancaku/' aku coba jelaske kanthi sabar
'tapi dheweke gemang nrima coklatku. Katane dheweke seneng karo kowe!' Anis ngomong karo sesegukan. Aku kang kaget diomongi ngono kuwi mung meneng. Sawise ngomong mangkono Anis banjur lunga.
Prastawa ing mburi sekolah iku nggawe kakancananku karo Anis dadi adoh. Anis saiki ora tau maneh dolan karo aku. Menawa aku marani Anis, dheweke banjur lunga. Menawa kepethuk ning dalan, ra tau aruh-aruh kaya wong ra kenal. Aku uga wis ngomongke prastawa kuwi karo Niko, nanging dheweke ora nggagas.
'Ben, malah ra tau nganggu.' kandhane karo ngonthel pit. Aku sing krungu jawabe gor iso mbesengut.
Dina kuwi aku lelengguh ana ing ngarep omah. Novi, kancaku ing desa mara karo mesam-mesem, sajake bungah atine. Reti-reti dheweke takon karo aku kanthi mesam-mesem.
'Ri, kowe ki seneng ora karo Niko?' takone karo mesam mesem. Aku kang kaget ditakoni kaya ngana jawab kanthi gugup.
'Ora. La ngapa?' takonku balik
'Ora papa kok, gor takon wae,' jawabe dheweke. Aku mung meneng weruh tingkahe Novi sing aneh kuwi. Novi clingak-clinguk karo ngomong alon-alon.
'Aku ki dikongkon Niko nakokke kuwi, dheweke mau ki ning mburi wit iki. Ning kok saiki ra ana gek neng ngendi? Kandhane Novi.
'embuh, ra reti aku.' jawabku cuek.
Sawise prastawa ing ngarep omah kuwi aku ora tau kepethuk Niko. Menawa ketemu ning sekolah, dheweke ra tau nganggu utawa ngomong karo aku. Semana uga ana ing desa. Aku dikandhani Novi menawa dheweke kuciwa karo aku amarga omonganku ing ngarep omah kae. Saya suwe aku ngrasa saya kelangan. Dheweke kang biasane nganggu aku, saiki cuek karo aku tanpa sebab kang jelas. Saya suwe aku saya sadhar menawa aku uga duwe rasa karo dheweke, nanging aku wedi anggone ngomong.
Nganti saiki, aku isik mendhem rasaku kanggo dheweke. Aku getun karo tindakanku pirang-pirang taun kepungkur. Aku wis gawe kuciwane wong liya, mesthi iki balesane kanggo aku. Aku kudu iso nglalekke Niko. Apamaneh dheweke wes duwe bojo, aku ora etuk trisna marang bojone wong liya. Aku kudu wani ketemu karo Niko minangka kanca, tekade atiku kanggo reuni SMP minggu ngarep.


prosedural


UBI BOLU KUKUS



Tela ungu 2 ons
Gandum 3 ons
Gula 4 ons
Tigan 3 wiji
Banyu Soda 1 gelas
Ovalet
Vanili

Caranipun damel :
  1. Tela ungu dipunkukus lan dipunuleg lembut
  2. Gula, tigan, ovalet lan vanili dipunkocok dados setunggal dipuntambahaken banyu soda, gandum lan tela ungu lajeng dipunkocok ngantos lembut
  3. Salajengipun dipuncethak wonten ing cethakan lan dipunkukus 20 menit
  4. Bolu kukus siap didhahar



Biografi

PROFIL

Saka tari nganti sindhen

Nama : Uswatun Khasanah
Tanggal Lair : Bantul, 4 Oktober 1969
Garwa : Agus Widodo
Anak : 1
Tiyang sepuh : Alm Sri Daliyo SW & Sri Rukinem
Alamat : Canden, canden Jetis Bantul Yogyakarta
Riwayat Pendidikan : TK Tridaya
SD Muhamadiyah
SMP 3 Jetis
SMKI Yogyakarta

Uswatun khasanah menika salah satunggaling pengrawit saking paguyuban karawitan “Laras Pertiwi” ingkang dipunpimpin dening Bapak Abu saha Bapak Suwanda Hadiprayitna. Paguyuban karawitan “Laras Pertiwi” menika dumunung wonten ing Desa Kralas, Canden Jetis Bantul Yogyakarta. Ingkang dados anggota paguyuban menika ibu-ibu PKK desa Canden.
Ibu usawatun khasanah menika boten saking kulawarga berlatar seni amargi tiyang sepuhipun Guru lan buruh kemawon. Ananging, amargi sekolah wonten ing SMKI, ibu us menika saged tepang kaliyan seni. Kanthi modal nekat, ibu Us menika mlebet SMKI jurusan seni tari.
Kanthi sekolah temenanan, ibu Us menika saged nguwasani pintenpinten tari tradisional. Kanthi modal menika, ibu Us saged melancong ngantos luar kitha ngayogyakarta. Anggenipun nari menika boten dangu amargi ibu Us menika tepang kaliyan bapak Agus, garwanipun samenika.
Sasampunipun bebrayan lan gadhah putra 1, ibu Us menika boten nari malih, nanging wonten griya kemawon. Kadhangkala ibu Us menika mbiyantu kulawarga kanthi ketrampilan sanesipun kadosta: bordir, jahit ngantos ngrenda.
Salah satunggaling dinten, ibu Us menika dipunajak Ibu Wanda tumut paguyuban karawitan. Ibu Us menika saderengipun boten mangretos bab karawitan amargi boen jurusanipun. Amargi kepengin mangertos malih babagan karawitan, ibu Us lajeng tumut gabung ing paguyuban menika.

Saderengipun dados pengrawit, ibu Us menika dados sindhen rumiyin. Amargi wonten asal satunggaling anggota ingkang kesah. Samenika malah saya remen kaliyan gamelan Jawa. 'kangge ngui-uri budaya jawi.' ngendikanipun bu Us.

artikel budaya


ARTIKEL BUDAYA

AMONG-AMONG

Tiyang Jawi menika tiyang ingkang kagungan kabudayan ingkang maneka warna. Salah satunggalipun inggih menika among-among. Among-among inggih menika ritual kangge mengeti dinten kelairanipun tiyang, among-amog biasanipun dipunpengeti miturut petungan kalender modern (senen, selasa, rebu, keis, jemuah, sebtu lan minggu) saha jawa(legi, pahing, pon, wage kliwon). Ritual menika minangka wujud rasa sukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwasa amrih sampun parig keslametan dhaeng tiyang menika.
Tiyang Jawi menika lair kanti petugan. Dinten menapa, neptu menapa, wulan menapa saha taun menapa.sedaya kelairan wau kedah dipunettang supados saged dipunkira-kira menapa kemawon ingkang badhe kelakon ing ngandhap, menapa becikipun, menapa patanganipun lan sapanunggalanipn.
Semana uga tiyang ingkang lair tanggal 1 Sura. Wonten ing desa Canden menika tiyang ingkang lair tanggal 1 sura menika dipundamelaken among-among.miturut kapercayan masarakat, sura menika wulan ingkang keramat., apamaneh 1 sura. 1 sura menika dipunanggep neptunipun nyi roro kidul. Ados tiyang ingkang lair tanggal 1 sura menika nggadhahi neptu ingkang sami kaliyan nyi roro kidul. Supados boten dijaluk dening nyi roro kidul, tiyang ingkang lair dinten 1 sura menika kedah dipundamelalen among-among. Wonten ugi cariyos menawi tiyang ingkang dipunamong-amongi ing dinten menika supados sing njaga boten nesu lan boten lepas kendhali.
Among-among menika awujud jenang abang putih, gudangan lan kembang ingkag dipunsawuraken ing peturon tiyang ingkang dipunamong-amongi. Salajengipun salah satunggaling wakil kulawarga ngongani sajen wau kanti khidmat. Donga wau nyuwuk keslametan dhumateng Gusti ingkang maha Kuwasa . Biasanipun ingkang dongani menika simbah utawi bapak utawi tiyang paling sepuh ing kulawarga kasebat.
Menawa kalawau namung satunggal kulawarga ingkang nglampahi, nanging samenika anggenipun ngamong-amongi saged dipuntitipaken kaliyan mbah kaum ingkang biasanipun damelaken among-among. Salajengipun among-among menika dipundongakaken. Kulawarga ingkang nitip wau angsal wujudipun among-among kalawau kadosta sega, gudangan lan sapanunggalanipun.
Menawi dipuntingali babagan kyakinan, miturut tiyang jawi menika saged kalampahan lan boten dados prekawis. Ananging enawi saking agama, tradisi menika dipunanggep sirik. Tradisi menika dipunanggep salah.
Miturut kula, tradisi menika boten salah, amargi tujuan menika nggadhahi tujuan minangka raos syukur dhumateng Gusti ingkang sampun pring kasarasan kagem tiyang menika. Tamtu bab menika boten ewah saking agama. Namung anggenipun mujuaken menika ngagem filosofinipun tiyang jawa.

Among-among menika salah satunggaling wujud kabudayan ingkang kedah dipunuri-uri. Apa maneh jaman samenika, kathah tiyang ingkang sampun nglali utawa boten peduli malih kaliyan tradisi jawa. Kanthi ngleksanakaken among-among menika kawontenan tradisi menika tetep lestantun.

Minggu, 24 November 2013

News Feature


Kagiyatan Sosial Yayasan HOPE Worldwide Indonesia


Dinten setu (28/9) yayasan HOPE worldwide Indonesia ngawontenaken adicara baksos (bakti sosial) ing dhusun Turen, Canden, Jetis, Bantul Ngayogyakarta kanthi irah-irahan “Bantul Seger”. Wonten ing papan menika ugi dipunwontenaken kagiyatan sanesipun inggih menika pengobatan massal, kagiyatan anak, wisuda training CTC, peresmian program ibu lan anak, ugi bimbingan belajar. Kagiyatan ingkang dipunwiwiti wanci jam 08.00 enjing menika dipunbikak dening pangarsa Yayasan HOPE Worldwide Indonesia, Lucas Sanjaya. Kagiyatan menika kalajengaken mawi panyuluhan kagem ibu-ibu ingkang saweg ngandhut lan ugi penyuluhan kasarasan ibu lan anak. Kagiyatan menika dipunwontenaken amargi miterat WHO, tingkat kematian ibu lan anak ing Indonesia menika langkung inggil, inggih menika 20.000 tiyang ingkang seda amargi proses babaran saben taunipun. Kagiyatan menika dipunlajengaken kanthi pengobatan massal ingkang dipunwiwiti wanci jam 11.00 -14.00 siyang. Saben masyarakat ing dhusun Turen menika dipunparingi satunggal kupon kangge priksa kasarasan kaliyan dokter ing papan menika.

Kagem pengobatan massal menika, Yayasan HOPE Worldwide Indonesia kerja sama kaliyan Ikatan Dokter Indonesia (IDI) Cabang Bantul, Rumah Sakit Nur Hidayah Bantul, lan Puskesmas Jetis Bantul. Masyarakat dhusun Turen menika remen sanget kaliyan kagiyatan menika, kabukti kanthi kathahipu masyarakat ingkang badhe priksa kasarasanipun wonten ing kagiyatan menika.


Bakti sosial kanthi tema “Menanam Benih Menuju Masyarakat Bantul Sehat, Nyebar Wiji Ing Dinten Niki Amigunani Tumrape Bantul Seger Kwarasan Ing Dinten Ngajeng” menika ugi ngawontenaken kagiyatan kagem lare-lare ing dhusun Turen. Kagiyatanipun inggih menika pentas seni, story telling lan ugi dolanan bocah. Ing wekdal punika ugi dipunwontenaken wisuda HOPE Computer Training Center (CTC) kagem 34 siswa SMA ing Kabupaten Bantul. Para sisiwa menika dipunwisuda kanthi panyerahan sertifikat dening Kepala Dinas Sosial DIY, Drs. H. Untung Sukaryadi minangka wakil saking Gubernur DIY.

Yayasan HOPE sampun wonten ing dhusun Turen menika wiwit prastawa gempa 27 Mei 2006. Yayasan menika mbiyantu mbangun griya kagem 1 kepala keluarga (kk) ingkang griyanipun risak utawi rubuh. Yayasan menika ugi paring pambiyantu kagem tiyang-tiyang wonten ing wewengkon menika kanthi ngadegaken Computer Training Center (CTC) kagem sinten kemawon ingkang badhe sinau komputer. Lan ing taun menika, yayasan HOPE paring pambiyantu mawi pengobatan gratis lan kagiyatan-kagiyatan sanesipun ingkang miginani kagem masyarakat dhusun Turen.


Yayasan HOPE Worlwide Indonesia menika dipunadegaken wiwit taun 1994 kanthi misi sederhana inggih menika paring katresnan kagem sesami. Strategi ingkang dipunagem dening yayasan menika kagem paring pambiyantu tiyang sesami menika kanthi ngadegaken pusat HARAPAN wonten ing masyarakat kanthi program ingkang sanes wonten ing bidang kasarasan, anak, pendidikan, lansia lan ketenagakerjaan. Yayasan menika tanggap rikat menawi wonten prastawa-prastawa ingkang mbbebayani kadosta gempa bumi ing Ngayogyakarta lan Nias, tsunami ing Aceh, lan prastawa-prastawa sanesipun ing Indonesia. Yayasan menika ugi aktif ing negara-ngara sanesipun, umpaminipun paring pambiyantu kagem masyarakat ingkang wonten ing negara ingkang saweg perang kadosta Suriah, Palestina lan sapanunggalanipun. Kanthi kagiyatan-kagiyatan ingkang sampun dipunlakoni, yayasan menika nggadhahi ancas inggih menika paring pangarep-arep kagem ngowahi pagesangan supados langkung sae tinimbang sakderengipun.

Straight News

Yayasan HOPE Worldwide Indonesia Ngawontenaken Bakti Sosial


Bantul- Dinten setu (28/9) yayasan HOPE worldwide Indonesia ngawontenaken adicara baksos (bakti sosial) ing dhusun Turen, Canden, Jetis, Bantul Ngayogyakarta kanthi irah-irahan “Bantul Seger”. Kagiyatan sanesipun inggih menika pengobatan massal, peresmian program ibu lan anak, ugi bimbingan belajar. Wonten ing wekdal punika, ugi kagelar wisuda HOPE Computer Training Center (CTC) kagem 34 siswa SMA ing Kabupaten Bantul. Para sisiwa menika dipunwisuda kanthi panyerahan sertifikat dening Kepala Dinas Sosial DIY, Drs. H. Untung Sukaryadi minangka wakil saking Gubernur DIY.

Bakti sosial kanthi tema “Menanam Benih Menuju Masyarakat Bantul Sehat, Nyebar Wiji Ing Dinten Niki Amigunani Tumrape Bantul Seger Kwarasan Ing Dinten Ngajeng" menika kerja sama kaliyan Ikatan Dokter Indonesia (IDI) Cabang Bantul, Rumah Sakit Nur Hidayah Bantul, lan Puskesmas Jetis Bantul kagem pengobatan massal lan ugi program ibu lan anak. Mawi kagiyatan menika, yayasan HOPE nggadhahi pangajab kagem kasarasan ibu, anak saha masyarakat dhusun Turen.

Feature

Kabudayan Metatah


Pulo Bali
Bali menika salah satunggaling pusat pariwisata ing Indonesia. Kabudayan ingkang taksih dipunjagi lan dipunlestantunaken menika dados salah satunggaling daya tarik wisatawan ingkang badhe plesiran wonten Bali. Bali menika gadhah maneka warni kabudayan ingkang taksih dipunjagi supados kawontenanipun boten ewah utawi ical amargi kamajengan jaman.

Salah satunggaling kabudayan ing Bali inggih menika kabudayan metatah utawi mesangih/mepetik. Metatah inggih menika satunggaling upacara kanthi ngikir waja kanthi pangasah. Upacara menika saperangan saking upacara Manusa-Yadnya ingkang dipunlampahi dening masyarakat Hindu. Upacara menika gadhah teges yan wonten ing pagesangan umat Hindu. Tegeseipun inggih menika:
  1. nggantos perilaku supaya dados manungsa sejati ingkang saged nahan nepsu saking pangaruh Sad Ripu ( 6 mungsuh wonten ing awakipun piyambak).
  2. Wujud kewajiban tiyang sepuh marang putranipun supados pinanggih hakekat manungsa ingkang sejatosipun
  3. Supados saged pinanggih malih antawisipun putra lan tiyang sepuh ipun sak sampunipun tilar donya
saking andharan ing inggil, saged dipunpendhet dudutan menawi upacara metatah menika salah satunggaling upacara ingkang wigati wonten ing pagesangan umat Hindu amargi gadhah makna kagem ngicalaken rereged ing awak saengga saged nemu hakekat manungsa ingkang sejatos lan saged uwal saking pangaruh Sad Ripu ( 6 mungsuh wonten ing awakipun piyambak).

Upacara menika sifatipun sakral, saengga menawi boten dipunlampahi dening masyarakat Bali, wonten kapitadosan bakal angsal paukuman saking batara Yamadipati wonten ing neraka (kawah candragomuka) inggih menika nyakat poking pring petung. Upacara menika wujuding tanggung jawab tiyang sepuh marang putranipun supados dados manungsa sejatos ingkang dipunsebat “Dharmaning Darma-Rena Ring Putra. Pramila tiyang sepuh ing umat Hindu menika gadhah usaha samangsa gesangipun nglampahi kewajiban kagem putranipun kanthi upacara matatah. Kagem pangabekten marang tiyang sepuh, putra kedah maringi piwales kanthi upacara Pitra Yadnya utawi ngaben menawi tiyang sepuhipun tilar donya, ingkang trep kalihan “Dharmaning Putra Ring Rama Rena”.
Upacara metatah menika wonten tatacara ingkang kedah dipunlampahi, inggih menika:
  1. Magumi Padangan, ugi dipunsebat mesakapan kepawon ingkang dipunlampahi wonten ing pawon. Maknanipun inggih menika tiyang ingkang sampun siap bebrayan, tugasipun ingkang kapisan inggih menika ngrembag babagan mburi (pawon).
  2. Nekeb, ingkang dipunlampahi ing meten utawi wonten gedong. Maknanipun lampahan prosesi brata inggih menika janji kagem nahan hawa nepsu ingkang ala inggih menika Sad Ripu.
  3. Mabyakala, ingkang dipunlampahi wonten ing ngajeng griya utawa ngajeng meten utawa gedong. Maknanipun ngresiki awakipun piyambak saking sipat bhutakala ( sipat ingkang ala).
  4. Ke merajan, utawi tempat suci wonten ing griya. Urut-urutanipun inggih menika : nyuwun kanugrahan marang Bhatara Hyang Guru, sungkem marang Rama lan Ibu, Ngayab caru pitik putih, nyuwun tirta (banyu suci) marang Bhatara Hyang Guru, Ngerajah waja lan Dipunkikir siungipun ngantos kaping tiga.
  5. Pinuju papan kangge metatah, urut-urutanipun inggih menika: Sembahyang marang Bhatara Surya lan marang Bhatara Semara kaliyan Bhatarai Ratih, nyuwun tirtha kepada Bhatara Samara lan Bhatari Ratih. Ngayab banten pengawak wonten ing bale dangin, Metatah atau ngasah siung lan sekawan waja
  6. Wangsul wonten ing meten utawa gedong
  7. Mejaya-jaya ing merajan inggih menika tumut upacara kang dipimpin dening pandhita kanti nyawuri toya..
  8. Mapinton wonten ing pura kahyangan tiga, ing Pura Kawitan lan pura sanesipun ingkang dados pamujanipun.

Mekaten tata upacara metatah ingkang dipunlampahi masyarakat Bali. Kita minangka tiyang enem panerus generasi saklajengipun kedah njagi lan nguri-uri kabudayan supados tetep lestantun.